Berita dari Blora

Blognya Orang Blora

Mak Jegagig

“Mak Jegagig”

Keluarga Paimin ancèné ya sukses tenan. Lha piyé lèh thik ora, wong usahané jan muajuné puol. Anak-anaké wis énjoh mlebu nèng sekolah favorit. Malahan sing mbarep Mariyun karo adhiné Maridjan saiki wis ketampa nèng SMAN 1. Rudjuné sing jenengé Wartini ya wis sekolah nèng SD Tambahredjo, ora patèk adoh ka omahé Kaliwangan. Wong ancèn pinter dagang, usahané Paimin saya suwé sangsaya maju aé. Ora mok dagang klonthong karo bukak toko emas thok, nanging saikiné malah njajal nggawèk perusahaan penggergajian, mèbel lan kerajinan kayu barang. Lha piyé lèh, wong ancèné mBlora iku kaèt mbengèn mula ya wis kondhang daérah penghasil kayu jati sing kualitasé nomer siji. Malahan nalika mbangun Taman Mini Indonesia Indah dhèk jaman semana, bahan saka guruné ya kayu jati sing umuré wis atusan taun asal saka alas Randublatung, Blora. Sing wédok, Suminem, saikiné wis ora nunggoni toko manèh. Toko klonthongé sing nèng Kaliwangan wis nduwé pegawé telu, kasir siji karo buroh loro. Pendhak sasi saiki Suminem kulakan batik nèng Solo karo Yogya terus didol nèng pasar mBlora. Najan larangé ora jamak, dagangan batiké Suminem nyatané paling laris sak pasar mBlora, wong barangé ancèn asli tur ya uapik-apik tenan. Sak renané motif ana kabèh, motif truntum, sidomukti, gringsing, parang klitik, parang garuda, kawung, pokoké jan komplit tenan persediaané, tur kabèh batik tulis tangan ora ana sing cap-capan.

Wong dhuwiké ancèn akèh, mèh angger sasi Suminem ya mesthi merlokké nglèncèr, lungo nèng Semarang ngiras blanja buah-buahan sing disenengi kaya jeruk keprok, apel, anggur lan sapinunggalané, Cekaké, uripé Paimin lan Suminem wis kétung mapan. Sandang pangan kecukupan, kadhang-kadhang ijèk kober piknik sekeluarga tekan Gunung Bromo, malahan tau mblasak-mblasak tekan mBali barang.   Baca selebihnya »

3 Mei 2009 Ditulis oleh ilusa | blora, dialek mblora, ilusa | | No Comments Yet

Cinta Monyet

“Cinta Monyet”

Sakploké manggon nèng Kaliwangan, Paimin sabrayat sangsaya kepénak uripé. Ancèné béda banget karo kaanané Paimin nalika ijèk dadi blantik sapi sing gawéné mok grudag-grudug, ngalor ngidul nggiring sapi. Angger Pon budhal nggiring sapi-sapiné juragan paraké nèng Pasar Wagé Ngawèn, terus benginé digiring enèh nyang Pasar Kéwan Kunduran, terus Wirosari, Ngantru balik enèh nèng Pasar Kéwan mBlora. Bareng wis ngalèh Kaliwangan, saikiné warungé saya tambah ramé. Nganti tau ana slenthang slenthing nèk Paimin iku jaré ngingu thuyul barang. Nanging kabar ora nggenah mau ora patèk dirèwès karo Paimin. Ndak iya lèh ngingu thuyul, wong ibadahé kencengé ora mekakat ngono thik.

Malah Suminem bojoné, saiki kétok lèhé tambah béntrok, dhénok dhéblong moblong-moblong sakwisé bayèn anaké wédok sing ucik dhéwé sing dijengakna Wartini. Lha piyé, saiki Suminem iso léha-léha ambèk nunggoni warung, wis gak usah marik-marik ngiderna dagangan. Apa enèh saiki akèh wong éwoh mantu dadi sering buoh, jagong ngantèn karo mangan énak terus. Durung kemilané, lha angger soré nèng méja wis thérék-thérék jajanan cepakané anak bojoné, ana limpang-limpung, godrès, ora kèri sangkolun karemané sing lanang. Kadhang-kadhang nyepaki senengané Mariyun yaiku nagasari ambèk bongko menir, lha nèk Maridjan paling seneng grontol, cenil, lan dumbeg, sing wujudé kaya slomprètan kaé.   Baca selebihnya »

3 Mei 2009 Ditulis oleh admin | Sosial, blora, dialek mblora | | No Comments Yet

“Emba-emba mancing”

Wis limang tahun iki Paimin ngalèh saka Kunduran, manggon nèng Kaliwangan, kidul Kali Lusi. Paimin kuwi klebu wong sing temen, mula usahane enjoh maju. Biyèn mung nduwé kios rokok, saiki wis dadi warung sing dodolan sembarangkalirSak ploké bebojoan karo Suminem, Paimin wis diparingi momongan loro, yakuwi sing mbarep jenengé Mariyun dan adiné Maridjan. Kelakuané bocah loro iku bedané jan kaya bumi karo langit. Mariyun mbedhige ora ilok, senenganemblojèt othé-othémlincurnggudag layangan, pènèkan wit nganti penthit, mbendino senengané njajan waé. Mboké sing nyenèni wis entèk ngamek kurang golèk, ning njegidheg ae émba-émba ora krungu. Béda karo adine, pethelé ora jamak, jibles karo pakane. Esuk uthuk-uthuk dhèke wis tangi, nimba ngisèni jeding. Ning sekolahan pinteré por, nèk kon itung-itungan ancèn baut tenan. Mbendina mbontot sega sak ngombéne dadi nèk lesu utawa ketelak utawa ngorong gak usah njajan, idep-idep ngirit.

Wis pirang-pirang dina iki Suminem kétok aras-arasen wae, kepengine mangan sing seger-seger. Sambi dadèk geniSuminem celathu: “Kang, aku kok kemecer iwak wader, mbok pancingna ning kali kono to Kang?” Paimin sing lagèk natagendul setrup nyauri : “Kowe kuwi kok aèng-aèng to Neeem Nem, aku jan ora ndunung tenan, lha lah opo lèh thikkeplaur mbok kon mancing barang, lha karèk tuku ning pasar rak wis bar!” “Iwak pancinganmu rak luwèh énak lèh kang,sak jeg jumleg aku rak gung tau ngrasakna? Batine Paimin : waduh lagèk ndenger aku… sajake nyidam maneh cah iki! Baca selebihnya »

3 Mei 2009 Ditulis oleh ilusa | dialek mblora, ilusa | , | No Comments Yet