Berita dari Blora

Blognya Orang Blora

Dialek

“Emba-emba mancing”

Wis limang tahun iki Paimin ngalèh saka Kunduran, manggon nèng Kaliwangan, kidul Kali Lusi. Paimin kuwi klebu wong sing temen, mula usahane enjoh maju. Biyèn mung nduwé kios rokok, saiki wis dadi warung sing dodolan sembarang kalir. Sak ploké bebojoan karo Suminem, Paimin wis diparingi momongan loro, yakuwi sing mbarep jenengé Mariyun dan adiné Maridjan. Kelakuané bocah loro iku bedané jan kaya bumi karo langit. Mariyun mbedhige ora ilok, senengane mblojèt othé-othé, mlincur, nggudag layangan, pènèkan wit nganti penthit, mbendino senengané njajan waé. Mboké sing nyenèni wis entèk ngamek kurang golèk, ning njegidheg ae émba-émba ora krungu. Béda karo adine, pethelé ora jamak, jibles karo pakane. Esuk uthuk-uthuk dhèke wis tangi, nimba ngisèni jeding. Ning sekolahan pinteré por, nèk kon itung-itungan ancèn baut tenan. Mbendina mbontot sega sak ngombéne dadi nèk lesu utawa ketelak utawa ngorong gak usah njajan, idep-idep ngirit.

Wis pirang-pirang dina iki Suminem kétok aras-arasen wae, kepengine mangan sing seger-seger. Sambi dadèk geni Suminem celathu: “Kang, aku kok kemecer iwak wader, mbok pancingna ning kali kono to Kang?” Paimin sing lagèk nata gendul setrup nyauri : “Kowe kuwi kok aèng-aèng to Neeem Nem, aku jan ora ndunung tenan, lha lah opo lèh thik keplaur mbok kon mancing barang, lha karèk tuku ning pasar rak wis bar!” “Iwak pancinganmu rak luwèh énak lèh kang, sak jeg jumleg aku rak gung tau ngrasakna? Batine Paimin : waduh lagèk ndenger aku… sajake nyidam maneh cah iki!

Senajan rodok aras2en Paimin ndang gagé nyangking joran pancing, kepis lan capilé, terus mak gregah njenggirat gito-gito budhal nèng kali, karepe bèn seneng atine Suminem, geganthilaning atiné. Nanging bareng wis genep sejam pancingé ora disénggol iwak, Paimin wiwit nggondhik lan gak sabaran. Mulané terus éntuk akal nèk jan-jané luwih énak lungo nèng pasar tuku iwak, nanging engko emba-emba entuk iwak olèhé mancing dhéwé.

Tekan ngomah Paimin bengok-bengok: “Iki lho Nem, iwakem, wis lemu-lemu tur sisike gilap. Rejekiem ancèn apik tenan lho..!!” “Matur kesuwun yo kang, iki maeng mancing nèng pasar??” Suminem takon sambi mèsam-mèsem. “Lho.. lèh ku mancang .. éé .. mancing tenan lho Nem” jawabé Paimin rodok kamisosolen amerga dheg-dhegan wedhi konangan gérohé. Suminten ndang gagé marani bojone sing di tresnani iku, terus ngrangkul kanthi bisik-bisik: “Wis ah kang, gak papa.. aku wis marem mbok pancingna.. aku mau jané rak saka pasar arep tuku iwak, ning bareng weruh awakmu lagi tuku iwak aku terus bablas mulèh

“Cinta Monyet”

Sakploké manggon nèng Kaliwangan, Paimin sabrayat sangsaya kepénak uripé. Ancèné béda banget karo kaanané Paimin nalika ijèk dadi blantik sapi sing gawéné mok grudag-grudug, ngalor ngidul nggiring sapi. Angger Pon budhal nggiring sapi-sapiné juragan paraké nèng Pasar Wagé Ngawèn, terus benginé digiring enèh nyang Pasar Kéwan Kunduran, terus Wirosari, Ngantru balik enèh nèng Pasar Kéwan mBlora. Bareng wis ngalèh Kaliwangan, saikiné warungé saya tambah ramé. Nganti tau ana slenthang slenthing nèk Paimin iku jaré ngingu thuyul barang. Nanging kabar ora nggenah mau ora patèk dirèwès karo Paimin. Ndak iya lèh ngingu thuyul, wong ibadahé kencengé ora mekakat ngono thik.

Malah Suminem bojoné, saiki kétok lèhé tambah béntrok, dhénok dhéblong moblong-moblong sakwisé bayèn anaké wédok sing ucik dhéwé sing dijengakna Wartini. Lha piyé, saiki Suminem iso léha-léha ambèk nunggoni warung, wis gak usah marik-marik ngiderna dagangan. Apa enèh saiki akèh wong éwoh mantu dadi sering buoh, jagong ngantèn karo mangan énak terus. Durung kemilané, lha angger soré nèng méja wis thérék-thérék jajanan cepakané anak bojoné, ana limpang-limpung, godrès, ora kèri sangkolun karemané sing lanang. Kadhang-kadhang nyepaki senengané Mariyun yaiku nagasari ambèk bongko menir, lha nèk Maridjan paling seneng grontol, cenil, lan dumbeg, sing wujudé kaya slomprètan kaé.

Rasané kaya-kaya lagèk sedhiluk Paimin manggon nèng Kaliwangan kuwi, nyatané wis mèh genep pitung tahun. Gandhèng wis rumangsa rodok mapan, anak-anaké sing jenengé Mariyun karo Maridjan wis disekolahna nèng SMP1 cèreg kuburan nJlubang, sekolah sing paling top sak mBlora. Ning dhasar mbeleré ora majad, kesèd tur rodok bodho lan seneng mbolos, Mariyun tau ora munggah, mulané malah dadi sak kelas karo adhiné, si Maridjan. Lucuné, najan beled, angger ditakoki uwong jaréné suk embèn Mariyun kepingin dadi dhokter bedhah. Eala.. Yun Yun.. ancène dadi dhokter iku guampung pa piyé lèh?

Sawijining dina, Mariyun ambèk Maridjan tau telat mlebu sekolah merga isuk-isuk wis èpyèk nyetrika klambi seragam sing gung patèk garing merga sedina muput udan deres poh pinoh. Tekan njero kelas mak jebrèt langsung ditakoni karo Bu Rus guru Bahasa Indonesia sing ngrangkep Wali Kelas 1b:

“Mariyun… Mariyun.. généya lèh kowe thik telat iki maeng??”

Mariyun (karo rodok kamisosolen merga arep mblidhuki bu guru):

“Anuu buk.. ndhék dalu kula niku ngimpi késah teng Jakarta terus wangsulé kepancal sepur dados saknikiné telatt…”

Bu Kus nyauri kanthi sabar: ” Ee ngonooo ta… Lha kowé Maridjan.., généya thik telat? Apa kowé ya melok mas-em mlaku-mlaku nèng Jakarta??”

Dhasar bocah ndakik, Maridjan malah éntuk alesan sing cocok:

“Anu buuk.. kula namung mapag mas Mariyun teng tasiun Kedung Kluwèh…ban pité gembot ting mergi”

Bu Rus : “Oo ngono, ya uwis saikiné kowé cah loro terusno mlaku-mlaku .. nanging nèng kuburan nJlubang kono ngantèk jam pelajaranku entèk ya.. nèk wis thèng engko lagèk olèh mlebu kelas..!!”

Mariyun ambèk Maridjan (koor): “Matur nuwuun bukkk….”

Dhasar bocah mbedhig lan tambeng, Mariyun ancèn kerep kena setrap, pas pelajaran Aljabar ora krasa sikilé tau jégrang methangkring nèng ndhuwur bangku, ya mesthi aé konangan karo pak Mukti. Karo mlintir brengosé, karepé bèn rodok sangar, pak Mukti guru Aljabar marani bangkuné Mariyun karo celathu: ” Hé…lé… sikil-em thik mbok unggahno bangku.. anggik-em iki warung kopi apa piyé??!!” “Terus.. guru-em iki asaem mbok anggep apaa..??!!”

Kanthi rodok glagepan Mariyun njawab sakkecandhaké: ” Anuu pak.. bapak nggih ingkang sadé wédang ngoten…?! Ééh anu pak .. ingkang gadhah warung… èh… ingkang…..”

“Wis kana ngadeg nèng ngarep blabak… dhasar pokil!!”

Béda enèh si Maridjan, ancèn bocahé pethel tur nurutan karo guru. Critané bareng ana program béasiswa anak berprestasi, murid-murid sing kira-kira pantes olèh béasiswa dikon ngisi formulir ambèk pak Bandi. Maridjan sing wedi nèk kliru ngisiné dhiluk-dhiluk takok guruné.

Maridjan: ” Asma tiyang sepuh dipun isi teng ngriki pak??”

Pak Bandi: “Iya lé..” Let sedhiluk Maridjan takok enèh:

” Alamat tiyang sepuh nggih dipun isi teng ngriki??..”

Pak Bandi (wis rodok nggondhik): “Iyaa..iyaa ditulis sing lengkap sak RT RT né sisann..” “Jan nggondhikno tenan ok cah iki..” ngono bathiné pak Bandi.

Maridjan: “Jenis kelamin orang tua nggih dipun isi teng ngriki pak??”

Pak Bandi (wis ilang kesabarané): “Gak usah lé… gambaren aé…”

Tau isuk-isuk Mariyun pas lali ogak nggarap PR pelajaran Civic, mangka guruné sing jenengé pak Sur iku awaké gedhé dhuwur tur rodok kereng. Timbang disenèni utawa dikaplok pak Sur terus Mariyun golèk akal bulus. Klambi seragam putèhé diuwel-uwel sithik terus diblawuri lemah, rambuté digawé morak-marik lan njemburig awut-awutan. Tekan kelas ya dadi tontonan kanca-kancané, nanging Mariyun ora klenggut, malah njegidheg aé karo rodok pasang rai susah. Bareng Pak Sur mriksa PRé murid-murid, pas cèreg Mariyun ya rodok kagèt : “Loh Yun… kenapa kowé thik babak bundhas ngono lèh??” Urung ngantèk nyauri wis diterusno: “Endhi PR-em??” Mariyun matur karo émba-émba sedhèh: “Anu pak.. kula wau dicegat bégal teng pinggir Kali Lusi…” Pak Sur kagèt terus ndhedhes: “Lha terus.. kowe dikeplaki? Sangu-em dirampas??” Mariyun njawab karo ndhingkluk: “Mboten pak..ingkang dipun rampas kalih bégal nggih namung buku Civic kula… nggih niku wau sak PRé pindhah” Pak Sur mikir sedhélok terus mèsem: Éé…jan pinter tenan kowé lé.. nèk ngono, kéné aku aé sing ngaplok… dhuasar kuesèddd..!!!

Jaman bengèn iku sing ngulang Cara Inggris SMP 1 asmané pak Rusman. Wah priyayiné ancèn alus tur suabarr banget, dadi murid-murid dha tresna tenan karo pak Rusman. Nanging murid sing kesèd dha olèh kesempatan nyambi theklak-thekluk ngantuk, lha nèk sing mbedhig ya luwung mbolos aé lèh cah. Merga ogak krasan tur blas kethiplas gak mudheng ngrungokna umak-umiké pak guru, angger pelajaran Cara Inggris Mariyun mesthi ndang gagénan mbolos, kadhang-kadhang terus jablas mulèh nèng Kaliwangan, kadhang-kadhang pènèkan jambu ménté lan juwet sik nèng kuburan nJlubang utawa main ping-pong nèng Tirtonadi ambèk kancané sing padha mbedhigé yaiku Sing Liem. Pas nasibé sobèk, sawijining dina lagèk énak-énak mbolos tibaké diabsen ambèk pak Rusman, kepeksa isuké Mariyun disetrap, dikon ngadeg ambèk ngacungna sulak nèng ndhuwur lemari kantor tata usaha. Bareng tampa rapot, ya wis karuwan aé nèk bijiné abung, alias jan mok éntuk papat tenan.

Senajan ijèh mambu kencur, Mariyun wis kawit wani nge “sir” cah wédok, Nastiti jengené. Kanca sak kelasé sing linggèh bangku ngarep dhéwé iku ancèn ayuné por. Kulité sawo mateng kepara rada ireng manis, dedegané lencir tur suméh. Paribasané nèk arep dialem ya sasat entèk ngamèk kurang golèk utawa kurang candra turah rupa. Lha piyé wong  bangkekané jan mbrangkik nawon kemit, mripaté ndamar kanginan, kathik nèk ngguyu dhekik pipiné. Saking ayu lan pinteré, angger kegiatan sekolah mesthi katut kepilèh, kayata drumband sekolah, klompok panembrama, seni tari, pengibar bendera, wah ya ancèn wis ora anèh nèk akèh murid-murid sing dha ngesir Nastiti, klebu Mariyun sisan.

Sangsaya suwé atiné Mariyun sangsaya kepéncut karo Nastiti. Malah kena diarani nèk Mariyun lagèk nandhang wuyung kaya crita wayang lakon Gatotkaca gandrung kaé. Mula ora gumun nèk kéri-kéri iki Mariyun gawéné plenggang-plenggong ngalamun golék dalan piyé carané supaya bisa nyedhaki Nastiti. Snajan rodok mrongga-mranggu nanging kalah karo semangaté, Mariyun sidané nékad nembung arep dolan nèng omahé Nastiti. Ndahiba mongkog atiné Mariyun nalika kasil janjian nèk suk Minggu mèh teka nèng omahé Nastiti saperlu nyilèh buku cathetan ilmu ukur. Alasané, cathetané gak komplit merga linggèhé nèng ngguri dhéwé dadi ora patèk jelas.

Tekan titi wanciné dina Minggu, Mariyun wis siap-siap kawit ésuk, diplalah ora mélok bal-balan ambèk kanca-kancané. Ketara men lèhé seneng atiné, adusé ambèk anyul. Jungkasan aé suwéné ora majad, jambulé bolak balik dikèki pomid ben kétok gilap lan ora morak-marik nèk keterak angin. Terus milèh klambi sing paling uapik dhéwé tur disetrika ndisik nganggo lilin, karo ora lali nganyari sabuk sing ditukokna mboké lebaran wingi. Bar kuwi banjur nyéngklak pit jèngki kesayangané, gita-gita arep merdhayoh nèng omahé sir-sirané. Ambèk ngonthèl alon-alon urut dalan Kamolan, Mariyun wis mbayangna nèk engko ketemu Nastiti sing merak ati. Ndahnéya senengé nèk engko Nastiti sing mbukakna lawang kanthi èsemé sing marakna jantung dheg-dhegan. Ndahiba senengé nèk engko dijak linggèh wong loro nèng ngisor wit kèrsen ngarep omahé, terus… terus….

Tekan prapatan gedhung GNI, mak slier pité diénggokna ngulon nuruti dalan Pirukunan, ora patèk adoh wis tekan omah nomer 11, yaiku omahé Nastiti sing lataré jembar lan édhum. Omahé tembok kaya modhèl omah Londo, ngarepé ana wité pelem karo kèrsen sing godhongé ngrembuyung. Nèng ngarep omah kétok ana brompit anyar diparkir nèng ngisor wit. “Wah mbokmenowo iki nggèké bapaké,” bathiné. Mariyun karo alon-alon nyèndhèkna pité, ambèk dheg-dhegan terus mundhuk-mundhuk nyedhaki lawang. Sajaké lagèk ana dhayoh merga krungu swarané wong ngobrol gayeng. Mariyun mbathin enèh : “Wah, mbokmenawa bapaké lagèk nampa dhayoh iki,” banjur diwanèk-wanèkna nothok lawang, .. thok.. thok..” Kulo nuwun…” Mariyun uluk salam.

Mak jegagik! dadakan ana wong bergas, dhuwur, keker lan brengosé njlarit kaya bintang film, ngakno lawang. Mariyun kagèt kaya disamber bledhèg nalika sadhar nèk sing ana ngarepé iku jebul Pak Guritno, guru PD (Pendidikan Djasmani) anyar, sing lagèk dadi idholané murid wédok sak sekolahan. Wektu semono Pak Guritno nganggo kaos biru lan sepatu putèh, kétok gagah banget. Mariyun lagèk mudheng nèk jan-jané sing ngobrol gayeng mau dudu bapaké nanging malah Nastiti dhéwé karo pak Guritno! Kontan, balungé Mariyun kaya dilolosi, nglempreg mèmper plendhungan dicoblos dom bundhel, mak ceeessssss….. Bumi rasané sumyur langit kelap-kelap, nèk ora cekelan kusèn mesti wis ndhéprok nèng ngarep lawang persis kaya petinju kalah KO. Mariyun njingkat kagèt nalika krungu suarané Nastiti: “Iki lho Yun, buku cathetan sing mèh mbok silèh, wis tak cepakna.” Kepeksa kanthi glagepan Mariyun nyauri : “Éh iya, iya, matur nuwun, tak terusan aé yaa ….. ” Ora nganggo ba bi bu, Mariyun pamit  terus mak klépat gagé-gagé njipuk pité. Senajan lamat-lamat krungu suarané Pak Guritno: “Lho kok kesusu….” nanging Mariyun wis ora nggabrès, terus nggenjot sepédha sak polé, kaya-kayaa pengin mlayu sipat kuping bèn cepet ngadoh saka panggonan sing ujug-ujug krasa kaya neraka iku. Turut ndalan sambaté Mariyun ngaruara: “Nastiti… Nastiti… thik apes men lèh nasibku.” Atiné Mariyun sangsaya kejuing-juing nalika capet-capet saka radio krungu lagu sing lagi ngetop wektu semono: “Patah hatiku jadinya, merana berputus asa… ”

“mBrebes mili”

Nèk dibandingna ambek kanca-kanca sak barakané, Maridjan mana jané klebu golongan murid sing rodok clingus utawa isinan. MBendina senengané mok nggethu sinau ambekan kadhang-kadhang nulis puisi utawa nggambar vignette. Merga nurutan, sregep lan pinter, mulané Maridjan dikasèhi guru-guruné. Angger tampa rapot mesthi éntuk rangking siji utawa loro, paling jeblok sak ora-orané ya éntuk rangking telu. Sing jengené Aljabar apa ilmu Ukur iku èmprèh kanggoné Maridjan, mangka murid liyané ngantèk setengah mati sinau ya tetep ora mudheng. Biasané nèk murid sing pinter pelajaran matematika iku pelajaran kesenianné rodok èlèk, nanging anèhé Maridjan kok baut nggambar karo nggawèk puisi barang.

Gambaranné Maridjan ancèn apik lan urip tenan, mulané angger ana PR menggambar murid-murid wédok sekelas mesthi dha ramé-ramé ngrayu njaluk tulung digambarna karo Maridjan. Najan clingus, wong jenengé remaja, ya tetep ana ndugale. Nèng njero kelas gawéné njahili kancané wédok. Kétoké ancèn alim, ning jan-jané Maridjan iku ngglemet tur mbedhigé ora majad. Nèk ora nduduti rambut “buntut kuda”né cah wédok sing lunggoh nèng bangku ngarepé, Maridjan ambèk Gondo kanca akrabé, senengané angger thik ya mesti usil nggodani kancané, kadhang-kadhang ngantèk dha nangis barang. Jenengé aé agèk puber ya wis biasa nèk cah lanang mbedhig ngono iku, malah akeh sing engkeke pol. Miturut Maridjan lan kanca-kancané sing jaréné “setia” iku tibaké “SEtiap TIkungan Ada” (pacarnya). Senajan “yang”-é wis pirung-pirung, nanging ya ijèk kober ngglathak nggodani cah wédok, apa enèh nèk ayu, wis mesthi ora tau .. kliwatan. Senajan wis duwé “yang” akèhé sak emboh, meneng-meneng Maridjan ya kepingin nduwé sir-siran siji sing manteb. Nanging angger ketemu bocah sing kira-kira arep ditenanani, Maridjan mesthi ora tau wani omong apa anané, nèk dhèkné iku jan-jané ngesir karo cah maeng. Mangka wektu ngadhepi ujian akhir SMP iku jané Maridjan ya nduwé kesempatan emas merga dhèkné pas dipatah dadi ketua salah sijiné kelompok belajar.

Anggota studi klub-é ana papat, murid lanang loro lan wedoké loro. Sing lanang jengené Gondo, cah Plothot, ancèn pas kanca akrabé dhéwé lan sicoke engkas jenengé Yance sing ijèk klebu tanggané sak RT nèng Kaliwangan. Déné sing wedok, wah ancèn wis bejané Maridjan tenan, kok ndilalah kebagéyan sing ayu-ayu, yaiku sing jengené Endang karo Yanti, loro-loroné cah Tempelan. Nèk Gondo iku bocahé jan kemproh tur kuesèdé ora jamak, ora tau sinau, nanging dheknèné disenengi kanca-kancané merga apik atèn-atènané. Awaké gothot, nèng endi-endi senengané bal-balan karo gelutan. Lha nèk sing jengené Yance iku sasat walik grémbyang karo Gondo. Wis wongé nggantheng, alus, malah rodok klemak-klemèk, rambuté gondrong tur senengané main bèn bèn-an. Kawitané kelompok studi klub pimpinan Maridjan ya kompak tur gègèt tenan. Angger wis dha lesu, Maridjan mesthi ndang gagé ngejak njajan nèng warungé pak Bon, kadhang-kadhang malahan dijak njajan nèng restoran “Dapur Mamah” nèng ngarep sekolahan sing sering di enggo pos “ngentèni pacar”. Senajan nggoné rodok sumpeg ning pangonané sing didol nèng kono rena-rena lan rasané inuk tenan, ya mesthi rega-regané luwèh larang timbang nèng warungé pak Bon. Sing paling disenengi cah-cah nèk di traktir njajan nèng “Dapur Mamah” iku mesthi menu sega pecel utawa rujak pecel karo témpé gorèng glepung. Waah ya suedep tenan lèh, wong ancèné lagèk dha lesu, thik gratis sisan.

Merga usaha pak-ané cul bengèn mula yaiku mbukak toko klontong ning Kaliwangan sangsaya suwé sangsaya sukses, malah sakikiné wis mbukak toko emas nèng pasar Blora barang, angger sekolah Maridjan sanguné ya ancèn akih tenan. Amèh mbendina dhèkné nggawakna permèn soklat “Silver Queen” kanggo Endang lan Yanti, mangka sing jengené permèn soklat iku rak luarangé pol. Karepé ngono nèk énjoh ya arep ngepèk atiné cah loro sing ayu-ayu maeng, nanging jan-jané ngono atiné ya ijèk rodok bingung arep milèh salah siji sing arep di dadèkna “permaisuri”. Endang iku bocahé anggun, kulitané sawo mateng, malah kepara ireng manis merak ati. Nèk mèsem dhekik pipiné, ya ancèné jan nggregetna tenan. Lha nèk Yanti iku wongé lencir kuning, ayuné pol, modis, nèng endi-endi blebar-bleber numpak Vespa nganggo kacamata ireng lan blujin paling top mèrek “Saddle King”. Saben soré utawa nèk lagèk mlaku-mlaku tuku saté nèng Koplakan, Yanti senengané nganggo klambi backless utawa blus yukensi ngisorané nganggo rok cuekuk. Mulakna sak paripolahé ancèn ya nggregetna tenan, wis hobiné nyanyi, thik grapyak sisan. Apa enèh èsemé iku sing ndudut ati, marahi atiné Maridjan angger cèreg dheké ya terus dadi kepyur-kepyur karo dheg-dheg plas. Sakliyané bingung milèh, Maridjan iku ancèn ora isa omong, lha apa enèh nèk kon ngaku tresna.. “nggak usyah yaa” ngono jaréné…. Angger kepethuk jané ya arep nékad njajal blaka, ning sidané malah mok mésam mèsem thok.

Karepé ngono cah loro maeng bèn dha rumangsa karepé dhéwé merga ndelok polah tingkah utawa “body language”é Maridjan, nanging sajaké cah loro maeng karo-karoné malah dha gak ana sing krasa lan gak mudheng babar blas. Wis nasibé Maridjan, merga kesuwèn ora ndang gagé nembung, suwé-suwé Yanti malah disamber karo si Yance sing senajan ora patèk pinter koyok si Maridjan nanging luwèh nggantheng tur pinter ngemong atiné cah wédok. Bareng krungu nèk Yanti wis “jadian” karo Yance, atiné Maridjan jan nelangsa tenanan, setengah percaya gak percaya. Angger eling kabar maeng Maridjan mesthi terus mbrebes mili. Atiné ajur mumur kaya dijuwing-juwing.”E ala Yann..Yan.. kok tega emen kowé ninggal aku… Wis tak éwangi yahono-yahéné niba tangi nerangna soal Aljabar karo Ilmu Ukur sing mbok gethingi, nggambarna, nggarapna PR em.. prakarya.. nggoncèkna sepedah nèk budhal lès….” ngono bathiné nelangsa. “Guetun tenan aku cah..cah.. kenapa lèh thik gak ndang gagé gecak gecok.. saikiné malah disamber uwong, thik rambuté njemburig ngono sisan.

Athuka nèk ndèk ingènané aku ndang cag ceg rak ogak digondhol uwong tenan” Karo mbrebes mili Maridjan njur kèlingan nasibé kangané, Mariyun, sing ya tau “patah hati” merga kalah saingan karo guruné sing nggantheng yaiku pak Guritno. Ya terang wong sing di incer Mariyun dhèk semana iku jan primadona SMP1 sing jenengé Nastiti. Wis ngono thik Mariyun iku ya isinan sisan, dadi Nastiti ya ora patèk mudeng nèk di “sir”i ambèk Mariyun. Tur enèh jaréné Nastiti, Mariyun iku dianggep ijèk cah cilik sing isèk mambu kencur.

“Masa duka cita”né Maridjan tibaké ya gak patèka suwé. Ngrumangsani nèk kalah sèt, Maridjan ndang gagé mbanting setir. “Tidak ada akar, rotan pun jadi” ngono bathiné karo PDKT nyedhaki Endang sing gak kalah ayuné karo Yanti. Ya wis bejané Endang, wong jané ngono dhèké ya ngesir banget karo Maridjan merga Maridjan iku wis bocahé nggantheng thik loma sisan.

Dadi ya wis cocok, koyok tumbu olèh tutup, malah dhèké ya ora rumangsa blas nèk jan-jané mok dianggep “ban sèrep” thok karo si Maridjan. Gak gelem kalah karo sépak terjangé Yanti sing gawéné blebar-bleber numpak Vespa, Maridjan sidané godha njaluk ditukokna sepédah montor karo pak-ané. Jenengé pengusaha sukses tur sayang banget karo anak lanang, pak-ané Maridjan ya ndang nuruti apa penjaluké Maridjan. Montor udhug anyar Honda CB 100 abang saikiné mbendina dinggo ngampiri Endang nèng Tempelan terus nglèncèr muter-muter kutho mBlora, kadhang-kadhang malah ngluyur tekan alas Mantingan barang. Endang sing nggamblok nèng gegeré Maridjan ya ora mudheng lan ora rumangsa nek dijak klitar-kliter bolak-balik liwat nèng dalan Panggang ngarep omahé Yanti. Anggiké Maridjan ngono menawa ya arep manas-manasi atiné Yanti, nanging tibakné sing dipanasi malah ora mudheng babar blas wong ancèn lagèk nggandrung Yance sang seniman. Merga rumangsa gak di gabrès karo Yanti, Maridjan suwé-suwé mupus karepé dhéwé. Bar sinau bengi biasané Maridjan terus thenger-thenger nèng gazébo ngisor pelem iringan omahé ambèk mbrebes mili ngrungokna lagu-lagu sedih saka siaran Radio Gagak Rimang : .. Sudah sejak dahulu telah kukatakan, cintamu jangan kau paksakan… Kini dikaupun sadar, daku yang jadi korban, peluklah aku dan lepaskan… Yang menggantikan daku, telah sedia. Orang yang dahulu kutanyakan padamu.. tak terjawabkan…

“Mak Jegagig”

Keluarga Paimin ancèné ya sukses tenan. Lha piyé lèh thik ora, wong usahané jan muajuné puol. Anak-anaké wis énjoh mlebu nèng sekolah favorit. Malahan sing mbarep Mariyun karo adhiné Maridjan saiki wis ketampa nèng SMAN 1. Rudjuné sing jenengé Wartini ya wis sekolah nèng SD Tambahredjo, ora patèk adoh ka omahé Kaliwangan. Wong ancèn pinter dagang, usahané Paimin saya suwé sangsaya maju aé. Ora mok dagang klonthong karo bukak toko emas thok, nanging saikiné malah njajal nggawèk perusahaan penggergajian, mèbel lan kerajinan kayu barang. Lha piyé lèh, wong ancèné mBlora iku kaèt mbengèn mula ya wis kondhang daérah penghasil kayu jati sing kualitasé nomer siji. Malahan nalika mbangun Taman Mini Indonesia Indah dhèk jaman semana, bahan saka guruné ya kayu jati sing umuré wis atusan taun asal saka alas Randublatung, Blora. Sing wédok, Suminem, saikiné wis ora nunggoni toko manèh. Toko klonthongé sing nèng Kaliwangan wis nduwé pegawé telu, kasir siji karo buroh loro. Pendhak sasi saiki Suminem kulakan batik nèng Solo karo Yogya terus didol nèng pasar mBlora. Najan larangé ora jamak, dagangan batiké Suminem nyatané paling laris sak pasar mBlora, wong barangé ancèn asli tur ya uapik-apik tenan. Sak renané motif ana kabèh, motif truntum, sidomukti, gringsing, parang klitik, parang garuda, kawung, pokoké jan komplit tenan persediaané, tur kabèh batik tulis tangan ora ana sing cap-capan.

Wong dhuwiké ancèn akèh, mèh angger sasi Suminem ya mesthi merlokké nglèncèr, lungo nèng Semarang ngiras blanja buah-buahan sing disenengi kaya jeruk keprok, apel, anggur lan sapinunggalané, Cekaké, uripé Paimin lan Suminem wis kétung mapan. Sandang pangan kecukupan, kadhang-kadhang ijèk kober piknik sekeluarga tekan Gunung Bromo, malahan tau mblasak-mblasak tekan mBali barang.

Sing rodok mutawatiri iku jan-jané malah perkembangané anak-anaké. Lha piyé wong ancèn anaké wong sugèh, biasané terus dadi kesèd sinau lan senengané kluyuran. Kancané anaké ancèné ya mberuh tenan, nanging akèh-akèhé mok seneng grudhak-grudhuk thok. Apa enèh Mariyun. Wis sugèh thik wanthèn sisan, dadi ya ora gumun nèk nduwé “anak buah” akèh. Nèng sekolahan, Mariyun, sing awaké longgor, sering dipatah dadi ketua kelas lan pemimpin upacara gendéra angger dina Senèn. Merga biasa ditunjuk dadi pemimpin iku mau suwé suwé Mariyun dadi siswa idola-né murid-murid sak SMAN Blora. Apa enèh bareng munggah klas loro lan ditunjuk dadi pejabat OSIS, waah karismané Mariyun tambah moncèr, nèk cara saiki menawa ya padha karo dadi selebritis ngono kaé lho.

Dasar anak kepoma, Mariyun ngono ancèn duwé hobi akèh, salah sijiné yaiku dadi anggota “kelompok pecinta alam” sing gawéné nlasak-nlasak alas karo munggah medhun gunung kaé. Angger Setu Minggu mesti karo kanca-kancané kluyuran nèng alas Cabak-Pasarsore-Sambong-Temengeng-Nglobo-Kawengan, utawa kèmping nèng alas Medang-Kajar-Sayuran-Mantingan. Sasat alas jati nèng tlatah sekitar Blora-Cepu wis tau didlajahi kabèh ora ana sing kliwatan blas. Bareng wis kulina blusak blusuk lan ngrasakna nikmaté ndelajah alas, suwé-suwé Mariyun malèh kepingin dadi insinyur kehutanan, karepé ngono ya kepengin arep mèlok-mèlok nglestarèkaké alam. Apa enèh saben blusukan nèng alas mesthi kepethuk wit jati sing dha mosah masèh merga dibabati blandhong kayu. Atiné krasa miris ndelok kahanan alasé sing saya suwé saya rusak iku maeng. Daya-daya kepéngin ndang dadi pejabat kehutanan, sokur-sokur nèk isa dadi Menteriné, anggiké ngono bèn isa tumandang, cancut tali wanda, ndandani alas mBlora sing wis ajur mumur kari sak walang-walang.

Ning ya iku mau, mboh merga ning klasé “Dua Pal” sing muridé mik sepuloh tur ora ana wédoké, mboh ijèk kelingan gelané ati nalika ora kasil ngepèk “idola”né dhik jaman SMP, Nastiti, saikiné Mariyun rodok ngadohi murid-murid wédok. Angger ana murid wédok sing arep nyedhaki Mariyun mesthi dhéknèné ndang gagé ngadoh. Nalika nèng sekolahan ana acara perploncoan murid anyar, Mariyun sing klebu pejabat OSIS ya mesthi aé dadi inceran plonco plonci sing dha pating tlèsèh ndéprok sendépoh ning ngarepé, ngrepa-ngrepa njaluk tanda tangané sang pejabat OSIS. Nanging Mariyun tetep ora klenggut. Karo masang ulat kereng, Mariyun nggetaki plonco-plonci sing dha ngrubungi dhéknèné : “Enak saja minta tanda tangan.., itu batu bata angkatin kesini dulu..!!”. Mangka tumpukan bata sing arep dinggo renovasi sekolah mau kira-kira ya gak kurang ana nèk rong kibik. Ya terang aé nèk plonci sing gembèng dha nggenjongi bata maeng ambèk prembik-prembik nangis kamisesegen.

Ana enèh hobiné Mariyun sing jané mok dinggo gagah-gagahan, yaiku main gitar. Kanca-kancané sing dha duwé hobi main musik kaya Bambang “Bimo”, Biantoro “Bagong”, Idrus “Brintik”, karo Sukri “Petruk” dijak ngedekno grup bèn. Karepé bèn rodok nggaya, grup bèné dijengakna “Mimosa”, sing sak tléraman ancèn mèmper cara Latin, nanging jan-jané ngono jeneng iku maeng cekakan saka “miturut momongan sarana apik”. Pendhak soré latihan nèng nggoné Bambang sing omahé nèng ngarep Kantor Pulisi. Nèk wis dha main bèn ngono iku ya wis mesthi aé terus lali sinau lèh. Nanging bèn-a arang sinau, merga dasaré ancèn pinter, Mariyun ijèk isa aé éntuk rènking nèng kelasé, senajan mok rèngking loro utawa telu. Bareng wis rodok kompak mainé, bèn bentukané Mariyun mulai ngrékrut vokalis. Sing dha ndaftar dadi vokalis ya lumayan akeh, klebu Yanti karo Endang cah Tèmpèlan sing kaèt ndhik jaman SMP bengèn mulo senengané ancèn ya dha nyanyi. Blas kethiplas ora ngira, nèk ndilalah mak jegagig, salah sijiné calon sing mèlok ndaftar iku ora liya si Nastiti sing saikiné wis ora sekelas enèh karo Mariyun merga dhèké klebu jurusan Ilmu Pasti. Kawitané Nastiti ya rodok kikuk nèk arepané ketemu Mariyun, menawa ya isèk éling jamané SMP bengèn nalika Mariyun njothak dhéknèné merga cemburu karo pak Guritno. Nanging suwéning-suwé rasa kikuké mau kalah karo semangat lan hobiné nyanyi. Malah jaré Nastiti, saya suwé Mariyun nèk disawang-sawang kok kétok rodok gagah lan saya déwasa, apa enèh nèk lagèk mimpin upacara Senèn. Semono uga Mariyun. Najan mauné ya srodok nggregel, ning dasar atiné ijèk nyimpen rasa trisna sing kependhem, suwé-suwé Mariyun ya dadi raket enèh karo Nastiti. Nanging sing jenengé Nastiti iku rak ancèn jan ayu tenan. Lha généya lèh thik ora, wong jenengé aé cah ayu, ya nèng endi-endi mesthi dadi royokan. Bambang “Bimo” karo Sukri “Petruk” tibak-é meneng-meneng ya mèlok-mèlok ngesir Nastiti barang. Ning Mariyun wis manteb arep “mempertahankan” Nastiti, nèk perlu kanthi tètèsing ludira, merga ketoké saiki Nastiti wis mènèhi “lampu ijo”. Bathiné, aja enèh mok Bambang “Bimo” karo Sukri “Petruk”, pak Guritno sisan nèk ijèk mèlok-mèlok amul arep ditantang gelut. Nastiti dhéwé atiné saiki wis saya manteb sebab ndelok gedhéné tékad-é Mariyun iku mau. Mulané bareng saiki wis saya cèreg karo Nastiti, Mariyun malèh dadi cah anteng, ora briga-brigi enèh. nDonya rasané dadi kétok padhang njingglang, sakwernané panganan dadi krasa seger merga ati sing “berbunga-bunga” iku maeng. Apa enèh nèk lagèk main gitar ngiringi Nastiti latihan nyanyi, kaya-kaya syair laguné tumuju marang awaké déwé. “It’s now or never…. Come hold me tight.. kiss me my darling, be mine tonight.. tomorrow will be too late.. it’s now or never, my love won’t wait. When I first saw you, with your smile so tender.. my heart was captured, my soul surrendered. I’ve spent a life time, waiting for the right time, now that you’re near, the time is here, at last..

“Athuka”

Ésuk uthuk-uthuk Wartini wis budhal sekolah merga arep ngadhepi ulangan umum. Praèné ancèn rodok pucet merga sewengi dhur sinau ngantèk mèh jam siji tengah wengi. Liyané pinter, adiné Maridjan siji iki ancèn ya sregeb lan ora tau gèmèn-gèmèn nèk ngadhepi ulangan. Apa enèh nèk jenengé pelajaran apalan, mesti dilalap ngantèk ibaraté apal sak titik komané. Nanging ya iku mau, nèk ulangan sing diwedèni dudu angèlé soal, malah kepara bingung ngadhepi pokalé kanca-kanca jèjèranné sing kesèd sinau, ning gawéné mok arep dha nyontèk aé. Nèk gak olèh nurun engko terus ngarani medhit lah, arep munggah dhéwé lah, pokoké jan nyebeli tenanan. Tekan sekolahan, balané wis dha nggrombol nèng ngisor wit kèrsen lan ketok bungah bareng roh Wartini wis teka. Kancané sing paling èthès, si Dwi Kurniasih, ndang gagé alok: “Tin.. kowé iku gèt-gèti aku aé, tak kira kowé maeng gak mlebu.. matèk aku, wong aku jan gak énjoh babar blas pelajaran iki, engko nurun yaa??!!”. Si Lani sing lunggoh nèng kiwané mélok nambahi: “Iya Tin.., engko sikutem aja nutupi terus yaa? Kowé iku angger ulangan mesthi garapanem mbok dhekemi aé..”. Ora betah krungu omongané kanca-kanca raketé maeng Wartini mok unjal ambegan karo mèsem kecut: “Gak papa dha nurun angger aja ngantèk konangan Bu Kus lho yaa??”. Ya ngono iku maeng, angger thik mesthi dha nggrejegi arep nurun, malah nèk dhèké kléna, tau kertas ulangané disrobot barang arep dicontèk mentah-mentah.

Gègèt. Senajan kerep nggodhikna, nanging bala-balané mau ya ora mbendina mok nyebeli thok. Nèk wis nglèncèr sepédhahan bareng iku ya ancèn gègèté ora majad. Tau, pas mulèh sekolah, cah wolu ramé-ramé sepedhahan ngantèk tekan nJepon barang, anggiké ngono arep dha dolan nèng omahé Wahyu. Saking gègèté olèhé numpak pit ambèk cekikikan gojèg, dadi kurang ati-ati lan pas tekan njor-njoran mBangklé pit-é Wartini nggoling nabrak bakul semangka. Wartini karo Dwi babak bundhas karo rodok kisinan merga roké seragam sing modhèlé rodok span suwèk amba. Wis lara kabèh athik tekan omah ijèk disengèni pakané sisan. Lha piyé lèh thik ora disengèni wong cah wédok o’ dha pethakilan numpak pit tekan nJepon barang. Nanging wong jengené aé remaja, petualangan sing koyok ngono iku maeng ancèn ya nyenengna tenanan. Apa enèh nèk ana acara piknik bareng-bareng sak klas, biasané dharmawisata menyang obyèk-obyèk wisata mBlora. Pas piknik nèng Sayuran, budhalé dha ngaggo pité dhéwe-dhéwe. Saben murid lanang olèh tugas nggoncèkna murid wédok, déné pasangané ora kena milèh nanging dilotré, dadi ya beja-bejan. Nèk kebagiyan nggoncèkna Ida sing lemu ginuk-ginuk iku ya ancèn menggèh-menggèh tenan. Dhasar bejané Wartini, pas dilotré dhèké éntuk pasangan Farid, cah sing nggantheng dhéwé sak klas. Ya sasat rindhik asu digitik lèh, wong wis suwi Wartini ngesir cah iku mau. Ngantèk kanca-kancané dha mèri kabèh bareng ndelok Wartini nggamblok nèng gegeré Farid, nanging Wartini njegidheg aé, ora nggabrès babar blas.

Nelangsa. Jané wis suwé Farid ya ngesir Wartini, nanging rodok wedi karo pakané Wartini sing guethingé ora majad karo Farid, merga rambuté sing gondrong tur senengané band-band-an. Nèk soré-soré Farid teka nèng omahé Wartini ning Kaliwangan, mboh arep nyilèh buku, mboh imba-imba arep sinau bareng, pakané Wartini mesthi terus mbanting lawang tamu, kadhangkala malah matèni sékring listrik barang, karepé ngono bèn ora isa sinau bareng merga lampuné mati. Merga atiné wis kédanan karo Farid mau Wartini ora nggraita nèk meneng-meneng jané ya ana kancané sing mélok-mélok ngesir awaké yaiku Cipto cah Randublatung. Ancèn Cipto iku cah isinan, dadi senajan ngesir pol karo Wartini ya ora tau wani kandha. Apa enèh kandha, wong lagèk nyedhak aé mesthi gemeter lan salah tingkah. Rumangsa nèk kalah saingan karo Farid, sidané Cipto ya mok trima ndelok ka kadohan karo unjal ambegan nelangsa. Pikiré, nèk tresna kuwi ora kena mok sasisih, ora kena dipeksa, setrumé kudu teka saka ati loro kang padha-padha kasengsemé. Suwé-suwé Wartini ya roh nèk Cipto iku ngesir awaké, nanging merga ora tau ana omongé ya dimbarna aé. Apa enèh senajan apikan, Cipto iku rodok ndèsit, ora koyok Farid sing “anak gaul”. Malah saking ndèsité Cipto malah tau kirim layang barang kanggo Wartini sing isiné ngaku trisna, ya jelas aé Wartini kipa-kipa.

Ngumbara. Kanggo ngilangi laraning ati merga ora kasembadan ngrebut atiné Wartini, bareng munggah klas telu Cipto malah pindhah Yogya mèlok kangmasé sing dadi kontraktor bangunan. Nèng kutha Yogya mau Cipto saya nggethu sinau, kepéngin tèrok-tèrok masé sing wis dadi wong suksès. Tékadé wis kenceng, atiné isih lara mendhem katrisnan sing ora keduga, kanca-kanca wédok sing kadhangkala dha nggodhani wis ora dirèwès, anané mok sinau supaya suksès. Tékadé sing kenceng mau ya ancèn ora siya-siya, sidané Cipto kasil mlebu lan lulus saka Gajahmada, sekolah sing paling misuwur dhéwé. Nanging ijèk ana sing dadi ganjelan, yaiku senajan kasil lulus Gajahmada lan dadi arsitèk sing suksès, nanging gagal total nèk perkara golèk pacar. Angger ana sing kepingin nyedhaki Cipto mesti ndang gagé nginggati. Atiné ijèk ora isa nglalèkaké Wartini cah mBlora sing dadi “cinta monyèt”é. Dina-dina rasané kemba, uripé mok diisi acara maca, nggambar, lan niliki proyèk, paling-paling sekali-sekali ndelok biskup karo ponakan-ponakané. Dewi, ponakané sing wis sekolah SMP nèk anu gawéné ya nggodha: “Om Cip, mbak Tut iku lho ayu.. koyoké cocok lho karo om Cip?!”. Adhiné lanang sing jenengé Ari ya mèlok amul: “Iya omm, mbak Tut iku gawéné nakokna lho…!!”. Cipto mok mèsem karo ngelus pundhaké ponakan-ponakané.

Rumangsa. Béda karo Wartini, bareng lulus SMA, kuliah telung taun nèng Semarang, terus dipacangna karo Farid. Pakané Wartini sing mauné gething banget karo Farid bareng ndelok bocahé saikiné wis luwih diwasa, rambuté wis dipotong rapi tur wis rampung kuliah ning UNDIP ya dadi rodok lilih lan ngrèstoni hubungané anaké karo Farid. Saking suenengé éntuk mantu sarjana lulusan UNDIP, pèsta nikahané ya gedhèn-gedhènan tenan, malah nanggap wayang barang. Sasat wong sak mblora tumplek bleg teka nèng undangan nikahané Wartini. Nanging yaiku, dhasar seniman, uripé Farid ancèn angèl ditata. Bareng wis kasil ngrebut Wartini, suwé-suwé ya mbalik metu asliné. Apa enèh bareng wis nyambut gawé dadi pegawé bank, nyambi bisnis dol tinuku “property”, uripé tansaya mapan. Nanging merga akèh duwiké, penyakit lawasé umat enèh. Senengané main band karo kanca-kancané, apa enèh nèk malem minggu ngantèk tau gak mulèh barang. Nèk lagèk ngelu merga kakèhan ngombé malah kerep maratangan. Wartini kerep dheleg-dheleg mbatin. Kadhangkala thukul rasa gela merga mbiyèn nggugu karepé dhéwé, milèh pasangan urip mok merga kepéncut rupa. Malah ana sing tulus nresnani ora dirèwès babar blas. Nanging saiki wis kasèp, sega wis dadi bubur. Nèk éling tulusing katrisnané Cipto, Wartini kerep ngudarasa: Athukaa cah….

Belum ada komentar.

Tinggalkan komentar